Sabtu, 12 Desember 2015

Budaya Tradisional Lan Budaya Modern Tarung Tenar




BUDAYA TRADISIONAL LAN BUDAYA MODERN TARUNG TENAR

      


Budaya iku hasil saka cipta lan karsa manungsa kang duweni nilai-nilai kearifan. Budaya ora luput saka uripe manungsa amarga yen manungsa ora duwe budaya kuwi pada karo jembatan ing nduwur kali ananging wong sing nyebrang malah lewat ngisore nerjang banyu. Artine ora ono gunane urip nang donya yen tanpa ana budaya.

          Budaya iku dibagi loro yaiku budaya kang iseh tradisional lan budaya kang wis  modern. Budaya kang iseh tradisional iku budaya sing wis ana awit jaman nenek moyang. Budaya jenis iki akeh jenise, akeh critane, lan duweni nilai nilai sing becik. Budaya tradisional iku bisa awujud kesenian utawa perilaku wong ing sakbendinone. Sing awujud kesenian kaya tari-tarian,music,drama,sastra lan sakpiturute. Salah sawijine budaya tradisional kang duweni nilai moral kang becik kaya seni music gamelan. Yen digatekake gamelan kuwi akeh cacahe lan saben alat musik kuwi ana makna  filosofine. Lagu-lagune uga duweni pesan pesan kang becik. Nanging yen digatekake yen budaya tradisional kwi duwe ya duweni kekurangan. Kekurangane yaiku akeh sing mubadzir kayata sesajen. Nanging perihal kuwi ya manut persepsine masing masing wong. Mula budaya kang iseh tradisional iku kudu dipun uri-uri marang tiyang sepuh tumrap generasi muda lan dipilih-piling apa sing apik. Nanging ing jaman modern saiki generasi muda saya ora ngerti babagan budaya tradisional. Saya suwe saya ilang jati dhirine lan wis arang ana rasa rikuh utawa pekewuh amarga budaya modern sing wis mlebu ngusak akhlake generasi muda.

          Budaya modern yaiku budaya kang lahir ing jaman saiki. Budaya modern wis akeh kita tingali kaya musik,tari,lan pola hidup. Contone kayata Musik DJ Remix, Tari-tarian mancanegara sing wis mlebu campur ing budayane kita lan sapiturute.Budaya modern uga ana positif lan negatife.Dampak positife wong bisa digampangake anggone makarya lan komunikasi.Contone kaya Kerjaan kantor lan nelphone dadi saya gampang.Kajaba dampak positif mau budaya modern uga duweni dampak negatif. Sing paling ketara dampake yaiku ing bidang komunikasi. Jaman saiki teknologi saya suwe saya canggih. Saiki cah cilik wae wis dicekeli hp. Ndadekke bocah kwi pada males sinau, bukak situs-situs sing ora apik.

          Mulane budaya tradisional lan budaya modern sejatine kudu bisa dipilah-pilah opo kuwi bisa ndadekake cilaka utawa bisa ndadekake wigati. Ing jaman saiki budaya mau pada tarung tenar padahal budaya mau dasare bisa pada-pada njangkepi. Ananging sing kudu dieling-eling kita kudu bisa milih apa sing becik gawe lakuning urip iki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar